Sabtu, 14 November 2009

KATRESNANKU

Ada juga tulisan indah yang saya buat dengan versi bahasa jawa, ini dia...

'KATRESNANKU'

Sorot ing lintang tansah sumunar gumantos ing lingsir wengi,
Memayu ayuning tawang kang katon merak ati,
Nanging rogo iki tan biso polah,
Namung ngancani netro kang tan biso nendro,

Gawang-gawang katon lelakonan kang wus kepungkur,
Nalikane puspaning katresnan taksih nyawiji,
Manunggal raos ing sajroning penggalih keng suci,

Koyo-koyo datan biso wucal kepangan lumampahe wekdal,
Bebasan selo kang ateguh tinebas ombak ing samudro,
Agunging katresnan kang ngrembuyung sagedhe wukir,
Sinebar rinten dalu nyawiji dhateng penggalih,

Nanging...
Sedoyo sampun amblas tanpo tilas,
Lebur keno tirto kang mijil sekang angkoso,
Prasasat tan keno bali malih,
Duh Gusti ingkang moho asih,
Paringono welas dhumateng kawulo,
Mugo dipun entas saking pacoban katresnan puniko... amin..



Jika anda mengaku orang jawa tulen (jatim/jateng), pasti anda dapat memahami isi tulisan di atas,

comentnya di tunggu di bawah ini..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar